Orak-arik gebrah Platolaan

Koyone wis luwih seko seminggu ora nulis resep ono ing Cookpad. Rodo ra teratur jadwalku minggu-minggu kepungkur. Lagi saiki, lebar pindahan seko Vossenlaan maring Platolaan. Apartemen anyar ono ning tengah-tengah kampusku dewe.
Lebar 3 dino ora maem sego, rosone kok kangen. Aku masak sego lan orak-arik khas magelangan. Rodo pedes utowo gebrah. Pedesse ora mung seko cengeh ananging ugo seko mrico putih.
Lebar belonjo beras lan sayuran ning Albert Heijn, tuku beras pandan lan bumbu-bumbu dapur. Iki hasille.

Cara Membuat
- 1
Siapke bahan-bahan koyo ning gambar. Dikumpulke dadi saji, ojo dipisah-pisah, mengko podo kangen, koyo awakmu maring mantan yangmu.
Sawi dipotong utowo disuwir cilik-cilik, godong bawang, lombok rawit lan bawang putih. Ojo lali minyak sesame khas kanggo tumisan. Iki jos tenan.
- 2
Bawang putih lan lombok rawit ditumis disik ning teflon. Tunggu nganti rodo wangi lan rodo nyegrak. Yen awakmu wis wahing-wahing, iku tondone wis mateng.
Lebar iku, cemplungke suwiran sawi. Diaduk-aduk wae koyo yen pas nggoreng gosip ning medsos.
- 3
Lebar rodo alum, saiki ndog sak glundung iso dicemplungke. Di aduk-aduk meneh nganti roti. Lebar iku giliran godong bawang diceplungke.
- 4
Wis dadi, siap dinikmati bareng sego liwet lan teh panas PickWick sing melegenda iku.
Kata kunci
Resep Serupa
Rekomendasi Resep Lainnya

Komentar