Spaghetti mager rudergehakt

S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
Cuijk, North Brabant, Netherlands

Wikenku bedo. Masak kanggo 3 dino, lumayan kanggo cah kos. Mergo arep lockdown, logika vs logistik ra entuk kelewat. Ora entuk ketinggal, mengko imun malah iso mudun lan rentan.

Dino iki, senin (wikenku: minggu-senin), masak spageti daging sapi tanpo lemak. Tak wenehi lombok 8, tapi tetep kurang pedes. Lombok turki jebule ra sepedes lombok jowo. Rosone koyo lombok ijo enom sing biasane kanggo lalapan mendoan. Sak cokotan mendoan, butuh 5 lombok ijo enom. Iku wae kadang tetep kurang nendang, kurang pedes lan kurang gebrah wah.

Senajan aku masak dewe, tips lan reseppe original seko Pak Dhe Bule 24 karat. Deweke ngajari gawe makaroni daging sapi, terus mung tak ganti makaroni dadi spageti.

Spaghetti mager rudergehakt

100+ orang telah melihat resep ini

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan
Bagikan

Bahan-bahan

30 menit
4 wong
  1. 1bungkus spageti merk opo wae, lafonte entuk, lapomeneh yo entuk, laporan yo oleh-oleh wae
  2. 1 kgdaging sapi giling alus (mager rudergehakt)
  3. 1bungkus sayuran campur
  4. 1botol saos spageti
  5. 3blok maggi
  6. 1bubuk bawang putih
  7. 1 gehakt

Cara Membuat

30 menit
  1. 1

    Bumbu lan material kanggo masak disiapke dadi siji lan ojo dipisah-pisah. Persis koyo ning foto ning ngisor iki.

    Salah noto barang iso marai rosone bedo lan bakal kocar-kacir ra ceto.

  2. 2

    Rebus spageti koyo ning ngisor iki sekitar 15-20 menit. Lebar iku ditiriske terus disiram banyu adem ben ora lengket.

  3. 3

    Daging sapi, maggi lan sayuran di masak bareng dadi siji. Lebar iku saos tomat dilebokke ning wajan.

  4. 4

    Lebar iku, spageti sing wis mateng dicemplungke ning adonan saos.

    Wis dadi, lebar iku dinikmati karo kopi panas manis. Juosss tenan.

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan

Cooksnap

Apakah kamu sudah membuat resep ini? Bagikan foto hasil kreasimu!

Ilustrasi digambar tangan berwarna abu-abu berupa kamera dan wajan penggorengan dengan bintang-bintang muncul dari wajan
Masak Hari Ini
S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
pada
Cuijk, North Brabant, Netherlands
Hallo, aku wong jowo sing lagi sinau ono ning Nijmegen school of management, negeri Londo. Seneng masak awit seminggu kepungkur. Resep-resep sing tak tulis iki asli seko opo sing tak gawe lan sing tak lakoni saben dino.
Lebih banyak

Komentar

Resep Serupa