Tumis kentang-wortel sesame

S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
Cuijk, North Brabant, Netherlands

Pas udan deres ngene enakke masak sing ringan-ringan. Buka kulkas, alhamdulillah isih ono kentang setengah wadah plastik, wortel, karo kapri. Mumpung howone rodo anget, wis arep mlebu musim panas.

Rodo bedo lebar wingi dolan ning Oriental Supermarket ono ing Dukenburg. Aku tuku minyak Sesame seko tiongkok. Rosone koyo saos tiram, tapi aromane luwih khas.

Tak cobo campurke ono ing tumis kentang-wortel sing lagi tak masak. Ngene hasille

Tumis kentang-wortel sesame

9 orang berencana membuat resep ini

Pas udan deres ngene enakke masak sing ringan-ringan. Buka kulkas, alhamdulillah isih ono kentang setengah wadah plastik, wortel, karo kapri. Mumpung howone rodo anget, wis arep mlebu musim panas.

Rodo bedo lebar wingi dolan ning Oriental Supermarket ono ing Dukenburg. Aku tuku minyak Sesame seko tiongkok. Rosone koyo saos tiram, tapi aromane luwih khas.

Tak cobo campurke ono ing tumis kentang-wortel sing lagi tak masak. Ngene hasille

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan
Bagikan

Bahan-bahan

30 menit
3 wong
  1. 1/2plastik kentang cilik-cilik seukuran krikil
  2. 1/2plastik wortel cilik-cilik, dipotong tipis
  3. 1/2plastik kapri, dipotong pucuk-pucukke banjur cuci ben sehat
  4. 4batang wortel dipotong tipis-tipis koyo senyummu sing marai meringis abis
  5. 1/4 kapri dipotong persegi, ora presisi ora popo, sing mesti saben sudutte kudu siku-siku utowo 90°
  6. 1 brambang gede, jarene mbak Lulu, iku bambang India. Pantesan bar dilebokke panci teflon dadi rodo mbrebes mili
  7. 3bawang putih digeprek terus dipotong-potong cilik, tipis
  8. 4lombok rawit dipotong tipis
  9. 1 sendok teh minyak sesame

Cara Membuat

30 menit
  1. 1

    Iki dudu bumbu, mung suasana sing lagi udan deres. Suasana sing rodo jarang ditemoni ning kene. Mulo iku erak koyone yen sinambi menikmati howo rodo anget karo masak tipis-tipis.

  2. 2

    Kabeh bumbu disiapke, dipotong lan dicuci resik ben higienis lan sehat wal afiat.

    Didadekke siji ning sak panggonan, ben ora kececer lan gampang dijupuk.

  3. 3

    Kentang digoreng disik nganti rodo garing. Utowo sesuai selera. Sinambi goreng kentang, iso gongso brambang lan bawang ning panci bedo.

  4. 4

    Lombok rawit iso dilebokke ono ing panci pas aromane wis rodo wangi. Lebar iku diwenehi banyu sitik wae.

    Wortel iso dilebokke pas banyune rodo umep.

  5. 5

    Ketang goreng lan kapri iso dilebokke, termasuk paprika.

    Ojo lali minyak sesame sitik wae ben aromane tambah oke.

  6. 6

    Wis dadi, siap disantap.

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan

Cooksnap

Apakah kamu sudah membuat resep ini? Bagikan foto hasil kreasimu!

Ilustrasi digambar tangan berwarna abu-abu berupa kamera dan wajan penggorengan dengan bintang-bintang muncul dari wajan
Masak Hari Ini
S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
pada
Cuijk, North Brabant, Netherlands
Hallo, aku wong jowo sing lagi sinau ono ning Nijmegen school of management, negeri Londo. Seneng masak awit seminggu kepungkur. Resep-resep sing tak tulis iki asli seko opo sing tak gawe lan sing tak lakoni saben dino.
Lebih banyak

Komentar

Resep Serupa