Sego goreng sosis vossenlaan sultan

S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
Cuijk, North Brabant, Netherlands

Sengojo diwalik, mocone dudu sultan vossenlaan nanging koyo sing sak mestine ning judul, vossenlaan sultan. Sego goreng hasil kolaborasi seko 2 bidang ilmu sing ndadekke novelty maring menu masakan. Seko ilmu psikologi lan seko ilmu geografi, dicampur dadine sego goreng vossenlaan. Kurang luwih ngono.

Mergo dino iki lagi dino apik, seloso. Mulane gawe menu sing asik-asik, sing enak, lan gawe ati seneng lan tentrem.

Ben ketok jowone, mulane gawene yo gotong royong. Wong loro, urunan bumbu, seko trasi nganti sosis turki. Ben iso dadi vossenlaan sultan koyo sing dikarepke, ngene laku toto coro gawene.

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan
Bagikan

Bahan-bahan

30 menit, mergo kaean guyonan
4 wong
  1. 3piring sego basmati rijst
  2. 1potong cilik trasi
  3. 6lombok rawit diuleg
  4. 2bawang putih, ugo diuleg alus
  5. 1 batang wortel dipotong tipis
  6. 4sosis turki spesial sultan
  7. 1 iket godong bawang

Cara Membuat

30 menit, mergo kaean guyonan
  1. 1

    Moco bismillah, yen perlu wudhu disik. Kabeh bumbu disiapke. Brambang, wortel, sosis lan loncang dipotong tipis-tipis ben mlenis koyo ayumu sing ono ning negoro polowijo.

  2. 2

    Lombok sing cacahe sultan, bawang lan trasi diuleg ono ning cobek. Ojo salah yen pas nguleg, dieling-eling munthune sing muter dudu liyane. Godong sing aku ra ngerti aranne ugo disiapke, tapi ora usah diuleg, cukup dicuci resik banjur dilebokke ning panci.

  3. 3

    Bumbu-bumbu digongso. Brambang dilebokke panci disik, lebar iku sambel uleg (No. 2) ugo dilebokke, terus digonso. Lebar wortelle rodo empuk, ndog sak glundung iso dilebokke.

    Lebar iku ojo lali segone, terus kecap lan uyah sak perlune wae. Dicicipi rosone, enak opo kurang bumbu.

  4. 4

    Wis dadi, sego goreng hasil kolaborasi 2 bidang ilmu sing ndadekke rosone jos gandos.

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan

Cooksnap

Apakah kamu sudah membuat resep ini? Bagikan foto hasil kreasimu!

Ilustrasi digambar tangan berwarna abu-abu berupa kamera dan wajan penggorengan dengan bintang-bintang muncul dari wajan
Masak Hari Ini
S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
pada
Cuijk, North Brabant, Netherlands
Hallo, aku wong jowo sing lagi sinau ono ning Nijmegen school of management, negeri Londo. Seneng masak awit seminggu kepungkur. Resep-resep sing tak tulis iki asli seko opo sing tak gawe lan sing tak lakoni saben dino.
Lebih banyak

Komentar

Resep Serupa