biji brambang, ning kene brambang utowo bawang abang iku gede-gede, dadi 1 wae cukup. Yen dibandingke karo ning Jowo yo bandinganne 5 brambang cilik podo karo 1 brambang gede • kotak santen instan, akeh ning kene. Koyo merk Kara lan sak piturute iku ono kabeh • biji bawang putih digeprek terus dipotong lembut-lembut koyo atimu sing terus merindu • gelas cilik banyu, kanggo campuran santen • batang wortel, dikupas terus dipotonh tipis-tipis • tempe, aku bingung iki njelaskene. Tuku tempe bentukke persegi panjang terus dipotong dadi 2 • biji kentang cilik-cilik, ora usah dikupas cukup dicuci banjur dipotong-potong persegi • lembar daging. Nah iki sing rodo bedo, aku nganggo daging olahan sing kudune kanggo burger. Iki iso diganti ati lan rempelo ayam, tambah maknyus iku • batang godong bawang. Aku dewe nyebutte onclang utowo loncang. Fungsine kanggo taburan wae