piring sego liwet. Aku nganggo basmati rijst, sing rosone ra begitu pulen yen dibandingke beras lokalan Indonesia. Tapi sego seko basmati rijst iki mempur, mulane yen digoreng jan pas tenan, lombok rawit, luwih seko limo cacahe iku wis sultan. Yen iso nganti luwih seko 10, ora mung sultan tapi iso wae dadi rojo bumi, glundung ndog pitik. Siji wae wis cukup mung kanggo nambah roso pulen, bawang putih digeprek, dipotong tipis-tipis wae ben gampang matenge, bawang bombai, dipotong tipis-tipis wae, brambang india, dipotong tipis-tipis, wortel, dipotong tipis-tipis, sendok makan kecap manis, sendok teh minyak sesame. Iki iso diganti nganggo saos tiram. Rosone mirip mung aromane sing bedo