Orak-arik tumis buncis

Koyo biasane, mulih seko kampus menyang supermarket oriental ono ning Dukenburg. Ora ono tujuan liyo kejobo belonjo. Iki toko emang khas, luwih akeh bumbu-bumbu asia termasuk Indonesia. Sambel terasi tekan Indomie wae ono, pepak, komplit njerit.
Aku belonjo lombok rawit, akeh tenan. Setengah kilo mungkin wae ono. Mulo iku, aku dadi kepikiran gawe orak-arik tumis buncis.
Buncis iku mung judulle tok, kenyataanne yo ono bahan-bahan liyane. Termasuk wortel lan kapri. Enak tenan, ngene toto lampahe.

Cara Membuat
- 1
Bahan-bahan disiapke koyo ning gambar. Ditoto rapi ben ora semebar. Kol lan buncis tak dadekke siji, mergo mengko mlebune bareng ning panci.
- 2
Lombok rawit lan bawang putih diuleg. Brambang dipotong tipis, paprika lan wortel ugo dirajang tipis. Kapri diresiki ujung-ujunge.
- 3
Bumbu brambang lan ulegan lombok & bawang ditumis paling awal. Banjur paprika dilebokke panci.
- 4
Wortel lan buncis iso dilebokke yen bumbu (No. 3) wis kroso wangi.
- 5
Kol lan ndog iso dicampurke sekalian. Ben dadi orak-arik. Ojo lali uyah lan mrico sitik.
- 6
Wis dadi, karo ditambah sego liwet panas. Paling enak emang yen ono brambang goreng.
Kata kunci
Resep Serupa
Rekomendasi Resep Lainnya

Komentar