Makaroni pedes ferdinand

S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
Cuijk, North Brabant, Netherlands

Istimewa. Iki dudu masakanku tapi justru landlord bule asli 24 karat. Deweke nuturi corone masak makaroni ala-ala londo tapi tetep ono selera Indonesiane, pedes. Selera iki ra iso pupus, mergo ora pedes ora joss.

Lekker! Salah siji kunci ben iso masak enak iku nganggo bumbu ‘cinta’. Iki dudu tuturku tapi emang wejanganne landlord bule. Sing dimaksud cinta ning kene, kudu nyawiji antarane ati lan masakan. Yen atimu lagi ra enak mulo masakanne yo hambar. Ora ono selera.

Tips kaping pindo yoiku wektu masak, kudu pas, ora kesuwen ugo ora kecepeten. Tapi pas, satiti maring wektu.

Makaroni pedes ferdinand

100+ orang telah melihat resep ini

Istimewa. Iki dudu masakanku tapi justru landlord bule asli 24 karat. Deweke nuturi corone masak makaroni ala-ala londo tapi tetep ono selera Indonesiane, pedes. Selera iki ra iso pupus, mergo ora pedes ora joss.

Lekker! Salah siji kunci ben iso masak enak iku nganggo bumbu ‘cinta’. Iki dudu tuturku tapi emang wejanganne landlord bule. Sing dimaksud cinta ning kene, kudu nyawiji antarane ati lan masakan. Yen atimu lagi ra enak mulo masakanne yo hambar. Ora ono selera.

Tips kaping pindo yoiku wektu masak, kudu pas, ora kesuwen ugo ora kecepeten. Tapi pas, satiti maring wektu.

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan
Bagikan

Bahan-bahan

30 menit
8 wong
  1. 500 gmakaroni
  2. 1,5blog maggi
  3. 100 mlpasta saos
  4. 0,5 kgdaging sapi giling
  5. 0,5 kgroerbak groenten
  6. Bumbu Gehakt
  7. Bawang putih bubuk
  8. Cengeh bubuk

Cara Membuat

30 menit
  1. 1

    Siapke bumbu-bumbu dadi siji ben ora kececer. Cukup masa lalumu wau sing dicecer ning instagram lan twitter. Sak liyane makaroni, ono 2 bumbu penting yoiku saos pasta lan sayuran potong. Siapke dadi siji, ojo dipisah-pisah ben tambah mesra lan iso bebrayan.

  2. 2

    Daripada nyetatus pedes, mending makaronine sing mbok pedesi. Siapke taburan cengeh lan maggi kanggo roso asin.

  3. 3

    Godok makaroni ning panci stainless steel sing kinclong, sekinclong esemmu iku. Kiro-kiro banyune 1 cm sak nduwure makaroni, enteni nganti rodo asat. Terus dipateni kompore. Mungkin sekitar 20 m.

  4. 4

    Sak lebarre mateng, ditiriske. Ojolali diwenehi banyu adem. Tujuanne supoyo ora lengket. Cukup awakke dewe wae sing lengket mepet koyo lem kastol.

  5. 5

    Saiki gawe pastane. Daging sapi giling digoreng nganggo minyak sitik wae, disangrai. Ojo lali potongan sayuran (roerbak groenten) dilebokke. Lebar iku bumbu pasta instant ditambahno ning wajan gede.

  6. 6

    Ojo lali bumbu khas Gehakt ben aromane tambah ces pleng. Terakhir lebokke makaroni sing mau wis ditiriske.

  7. 7

    Lekker! Makaroni pedes ferdinand khas landlord bule londo siap disantap.

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan

Cooksnap

Apakah kamu sudah membuat resep ini? Bagikan foto hasil kreasimu!

Ilustrasi digambar tangan berwarna abu-abu berupa kamera dan wajan penggorengan dengan bintang-bintang muncul dari wajan
Masak Hari Ini
S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
pada
Cuijk, North Brabant, Netherlands
Hallo, aku wong jowo sing lagi sinau ono ning Nijmegen school of management, negeri Londo. Seneng masak awit seminggu kepungkur. Resep-resep sing tak tulis iki asli seko opo sing tak gawe lan sing tak lakoni saben dino.
Lebih banyak

Komentar

Resep Serupa