Sego goreng selera pedas ngantor

Selera pedas! Selerane tok tapi ora rosone. Lombok sing dirajang gede-gede iku mung kanggo aksesoris supoyo katon pedes. Kenyataanne yen kanggo wong jawa tengah umume, yo ora pedes. Tapi iki iso dadi solusi sangu kanggo makaryo. Perlu dicatet, ning Londo ra akeh warung makan koyo ning Jowo. Akeh warteg, rumah makan padang lan sak piturute. Wong-wong kene podo masak dewe.
Semono ugo yen do makaryo, akeh sing podo sangu maem kanggo makan siang. Ning kantor wis disediani ‘lounge’ sing dilengkapi microwave, coffee maker, lan sing mesti panggonan kanggo nyuci perkakas dapur. Nyuci dewe, ora ono sing ngelayani koyo ning Jowo.
Mulo iku, ngawe maeam sing simple iku penting. Ben iso cepet. Semono ugo sego goreng sing tak gawe iki. Simpel banget. Mengkene toto lampahe.

Cara Membuat
- 1
Bahan-bahan disiapke ning sak panggonan. Lombok rawit karo bawang putih diuleg. Lombok teropong, paprika lan wortel di potong tipis-tipis.
- 2
Kol, bawang bombai lan bawang abang (brambang) dipotong tipis-tipis kanggo tumisan.
- 3
Panaske minyak goreng, terus cemplungke bawang abang ditunggu nganti wangi ambune.
- 4
Bawang bombai lan wortel dilebokke disik, ben rodo alum.
- 5
Lombok teropong lan kol dilebokke bareng nganti alum. Ning tahap iki, yen ono sing seneng nganggo ndog, ugo iso ditambahke.
- 6
Banjur segone dilebokke. Ojo lali diuleg-uleg ben mempyar, ora lengket. Ojo lali tambahke bumbu-bumbu tambahan koyo uyah, saos tiram lan kecap manis.
- 7
Wis dadi, siap santap kanggo sarapan lan digowo ning kampus kanggo maem awan. Mengko kari dipanasi ono ing microwave kampus.
Kata kunci
Resep Serupa
Rekomendasi Resep Lainnya

Komentar