Pastarikota platolaan ala suroboyo

Sore iki, rodo spesial gawe pasta ala-ala wong kota. Digawe lebar rampung makaryo seko kampus. Langsung ning Platolaan, apartemen kolega sing asline seko Suroboyo.
Masak, kolaborasi 3 PhD Researcher sing asalle seko pulau jowo kabeh. Campur aduk idene, campur aduk rasane. Mulo iku judule yo rodo-rodo mumet.

Cara Membuat
- 1
Bahan-bahan sosis Turki, bawang bombai lan paprika dipotong serong. Gunane ben alus, ono senine lan ben katon gede-gede.
- 2
Jamur, iki bahan penting. Ojo nganti kelalen. Dipotong tipis-tipis koyo ning foto.
- 3
Karo nyiapke bumbu, pasta pita iso digodok disik ning panci. Kiro-kiro 10 menit, tunggu nganti empuk. Ojo kesusu.
- 4
Karo nunggu pastane empuk: mateng. Siapke disik kuah sing isine jamur, paprika lan bawang bombai. Bawang bombai iso dilebokke disik lebar iku paprika.
- 5
Sosis turki lan jamur iso dilebokke lebar bawang bombai lan paprika rodo empuk. Mergo sosis lan jamur iki gampang banget matengge.
- 6
Pasta instant, roso opo wae iso dilebokke ning nduwur adonan sosis lan sayuran sing sak durunge wis disiapke.
- 7
Iki sing penting. Ojo lebokke pasta sing wis mateng digodog ning adonan bumbu, tapi justru sak walike, yoiku tuangno kuah/ saos ning nduwur pasta pita. Bar iku iso disantap bareng-bareng. Ojo lali bismillah.
Kata kunci
Resep Serupa
Rekomendasi Resep Lainnya

Komentar