Tumis buncis spicy klimis

S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
Cuijk, North Brabant, Netherlands

Buncis meneh, jenis kacang-kacangan iki ora iso ilang seko kulkas ku. Mesti ono, nyanding bareng wortel. Sajakke emang jodone, koyo awakmu sing duwe senyum manis iku.

Roso pedes, iku emang cita rasa jowo. Mulo iku, sajakke ra jowo yen ra pedes. Ono ukoro gothak-gathik-gathuk sing ra iso kepisah maring siji lan koncone.

Klimis ki koyo cah nom-noman deso sing saben sore tongkrong bareng konco-koncone sing niatte mung ngecengi cah-cah wadon deso. Jungkat ono ning saku celono sebelah kiwo lan sebelah kananne ono dompet dirantai. Nah… biasane rambute klimis mergo minyak goreng ibune.

Klimis ning buncisku bedo, nganggo saos tiram. Ora mung klimis, tapi emang rosone yo joss tenan. Ra perlu adoh-adoh ning Korea ketemu Kim Yoo Jung yen mung arep ngrasakke enakke saos tiram, cukup ning supermarket tuku sewadah wae terus dicampurke ning masakan.

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan
Bagikan

Bahan-bahan

25 menit
3 wong
  1. 6lombok rawit, dipotong pendek-pendek wae
  2. 3bawang putih digeprek, terus dialuske
  3. 3 batang wortel dipotong tipis-tipis
  4. 300 gbuncis, dipotong 2 terus saben pucukke dipotong
  5. 1/2bungkus tempe dipotong persegi terus digoreng disik sakdurunge dimasak
  6. 1 sendok uyah beryodium
  7. 1sendoh teh saos tiram
  8. 1/2 bawang bombai
  9. Merico sak cakupe

Cara Membuat

25 menit
  1. 1

    Aturan baku masak iku siji, siapke bahan-bahan ning sak panggonan. Tujuanne ora liyo, kejobo ben gampang dijupuk lan ora lali. Cukup lali maring mantanmu wae sing wis tau ngakali.

  2. 2

    Langkah sak teruse yoiku goreng tempe. Iki perlu ben iso rodo kriuk, lan sing mesti luwih awet. Iso kanggo 2 dino. Iki penting kanggo cah kos😊.

    Ning panci bedo, bumbu-bumbu koyo bawang bombai, brambang lan lombok rawit iso mulai digongso.

  3. 3

    Lebar rodo wangi ambune, wortel iso dilebokke. Tujuanne ben luwih mateng. Mergo wortel iki luwih suwe matenge dibandingke sayuran liyane. Iso diwenehi banyu sitik.

    Lebar wortel, buncis sing wis resik, ugo iso dilebokke ning panci. Enteni kiro-kiro nganti alum. Lebar iku tempe sing wis digoreng iso dilebokke ning panci.

  4. 4

    Kiro-kiro 25 menitan, tumis buncis klimis wis dadi lan siap disantap.

    Karo sego liwet lan nyanding kopi DE, sing tutorialle yo ono ning Cookpad ku, dadi dinoku luwih semangat. Lumayan, ngopi & sarapan tumis buncis klimis.

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan

Cooksnap

Apakah kamu sudah membuat resep ini? Bagikan foto hasil kreasimu!

Ilustrasi digambar tangan berwarna abu-abu berupa kamera dan wajan penggorengan dengan bintang-bintang muncul dari wajan
Masak Hari Ini
S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
pada
Cuijk, North Brabant, Netherlands
Hallo, aku wong jowo sing lagi sinau ono ning Nijmegen school of management, negeri Londo. Seneng masak awit seminggu kepungkur. Resep-resep sing tak tulis iki asli seko opo sing tak gawe lan sing tak lakoni saben dino.
Lebih banyak

Komentar (2)

Dian
Dian @dian762
Langsung follow..tumis boentjesnya luar biasaaa

Resep Serupa