Spageti piccante jamur pedes

Sore iki hawane wis mulai penak. Ora adem banget 23°C meh podo karo ning kuto Semarang sing howone 25°C (wektu wengi jam 00.50). Emang mulai mlebu musim panas, dadi wis akeh sing mung nganggo kaos tanpo jaket.
Sore-sore ngene sing howone jan jowo tenan, enakke maem spageti. Ndilalah ono jamur lan bumbu spageti piccante, dadi iso gawe kreasi sitik. Ora terlalu ekstrim, mung ditambah paprika lan lombok 1 wae. Ngene coro gawene,

Cara Membuat
- 1
Siapke bahan-bahan kanggo spageti. Dicedakke, ngumpul dadi sak panggonan. Tujuanne ben bahan-bahan iki ora kececer lan awakmu bakal kelingan.
- 2
Spageti sing wis ditokke seko bungkus plastik iso direbus disik ning tungku kompor sing bedo karo tumis bumbu. Mergo proses rebus spagetine ora sing sedelo, minimal 10 menit.
Karo nunggu spageti mateng, awakke dewe iso mulai numis/ gongso bumbu-bumbu ning teflon. Awakke dewe iso nganggo tungku kompor liyane.
Bahan sing ditumis yoiku bawang bombai.
- 3
Lebar bawang bombai rodo alum, iso dilebokke potongan lombok rawit karo paprika. Diosseng-oseng, karo nyanyi dangdutan, luwih apik iku.
Enteni nganti rodo wangi lan jebras-jebres wahing. Hacii…hacii… Ojo lali nggowo tisu mengko muncratanmu malah mlebu ning penggorengan, duh..
- 4
Tahap sakteruse yoiku nambahi jamur ning tumisan ono ing nduwur. Dioseng-oseng nganggo geni cilik yo. Ojo gede-gede.
Bar iku tambahono banyu sitik wae ben ora garing banget. Ojo lali tambahi bumbu-bumbu liyane koyo saos piccante, uyah sak cukupe, saos tomat lan tambahi saos tiram. Iki mung kanggo aroma supoyo luwih jos. Yen seneng pedes, kejobo lombok rawit tambahi ugo mrico bubuk sak cukupe.
- 5
Nah.. wis dadi. Wadahi spageti rebus ono ing mangkuk terus tambahi saos spageti sing wis mateng.
Ojo lali bismillah. Karo ngrungokke campur sari ‘los dol’ seko denny caknan jan tambah gayeng wae.
Kata kunci
Resep Serupa
Rekomendasi Resep Lainnya

Komentar