Sego goreng polos sultan Nijmegen

S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
Cuijk, North Brabant, Netherlands

Dino iki, aku dadi sultan tenan. Duwe lombok rawit akeh, lebar tuku ning supermarket Oriental. Dadi iso masak sing pedes-pedes, seleraku banget. Yen jaman londo njajah negorone dewe, mungkin mrico iku dadi bumbu sultan ono ning Eropa, tapi saiki lombok rawit. Mulo iku, yen akeh wong Indonesia isih iso tuku lombok rawit murah, iku jan sultan tenan. Ra usah mikir duwe dokar utowo andong Jepang Merk Toyota utowo Honda. Cukup konsumsi lombok rawit saben dino wae awakmu wis dadi sultan.

Mumpung wiken lan mumpung isih dadi sultan, aku gawe sego goreng polosan tapi lombok-e wuih ngluwihi jumlah driji salah siji tanganku. Luwih seko limo😊. Sultan tenan.

Iki hasille

Sego goreng polos sultan Nijmegen

1 orang berencana membuat resep ini

Dino iki, aku dadi sultan tenan. Duwe lombok rawit akeh, lebar tuku ning supermarket Oriental. Dadi iso masak sing pedes-pedes, seleraku banget. Yen jaman londo njajah negorone dewe, mungkin mrico iku dadi bumbu sultan ono ning Eropa, tapi saiki lombok rawit. Mulo iku, yen akeh wong Indonesia isih iso tuku lombok rawit murah, iku jan sultan tenan. Ra usah mikir duwe dokar utowo andong Jepang Merk Toyota utowo Honda. Cukup konsumsi lombok rawit saben dino wae awakmu wis dadi sultan.

Mumpung wiken lan mumpung isih dadi sultan, aku gawe sego goreng polosan tapi lombok-e wuih ngluwihi jumlah driji salah siji tanganku. Luwih seko limo😊. Sultan tenan.

Iki hasille

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan
Bagikan

Bahan-bahan

30 menit
3 wong
  1. 3piring sego liwet. Aku nganggo basmati rijst, sing rosone ra begitu pulen yen dibandingke beras lokalan Indonesia. Tapi sego seko basmati rijst iki mempur, mulane yen digoreng jan pas tenan
  2. 6lombok rawit, luwih seko limo cacahe iku wis sultan. Yen iso nganti luwih seko 10, ora mung sultan tapi iso wae dadi rojo bumi
  3. 1glundung ndog pitik. Siji wae wis cukup mung kanggo nambah roso pulen
  4. 3bawang putih digeprek, dipotong tipis-tipis wae ben gampang matenge
  5. 1/2bawang bombai, dipotong tipis-tipis wae
  6. 1brambang india, dipotong tipis-tipis
  7. 5wortel, dipotong tipis-tipis
  8. 1sendok makan kecap manis
  9. 1sendok teh minyak sesame. Iki iso diganti nganggo saos tiram. Rosone mirip mung aromane sing bedo

Cara Membuat

30 menit
  1. 1

    Koyo biasane, ojo lali siapke bahan-bahan ning sak panggonan. Ojo dicecer-cecer, mengko malah lali.

    Ning kene. Aku potong cilik-cilik brambang, bawang putih, loncang, lombok rawit, bawang bombai, lan wortel.

    Nyobo teknik anyar, ora nganggo ulekan. Emang lagi rodo males nguleg sakjane😊🙏. Sego liwet ugo disiapke ning wadah kepisah.

  2. 2

    Gongso bumbu-bumbu (No. 1) ning teflon. Urutanne ngene: lebokke bawang bombai disik, banjur brambang lan bawang putih. Ben rodo alum bar iku lombok rawit sultan.

    Ojo lalo wortel, iki rodo suwe matenge mulane dimasak rodo suwe.

    Ndog sing sak glundung mau ugo dilebokke terus sego liwet iso dilebokke. Tambahi kecap manis, minyak sesame lan uyah secukupe wae.

  3. 3

    Wis dadi, cocok disantap bareng teh manis utowo kopi.

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan

Cooksnap

Apakah kamu sudah membuat resep ini? Bagikan foto hasil kreasimu!

Ilustrasi digambar tangan berwarna abu-abu berupa kamera dan wajan penggorengan dengan bintang-bintang muncul dari wajan
Masak Hari Ini
S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
pada
Cuijk, North Brabant, Netherlands
Hallo, aku wong jowo sing lagi sinau ono ning Nijmegen school of management, negeri Londo. Seneng masak awit seminggu kepungkur. Resep-resep sing tak tulis iki asli seko opo sing tak gawe lan sing tak lakoni saben dino.
Lebih banyak

Komentar

Resep Serupa