Stamppot gehaktballetjes

S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
Cuijk, North Brabant, Netherlands

Wis kaping pindo iki, aku entuk kursus masak ala-ala londo langsung seko Pak Bule asli, ora KW. Termasuk masakan siji iki, terus terang dudu masakanku, tapi justru duwekke Pak dhe bule 24 karat. Ngajari aku masak sing ora pedes. Masak kentang rebus & daging sapi gulung goreng. Yen ning kene dijenengi Stamppot gehaktballetjes.

Seko kentang 1 kg iso dadi menu kanggo wong 4, lumayan akeh. Alhamdulillah turahanne iso tak nggo sangu maring kampus. Dadi ora usah jajan. Lumayan tenan, rejekine bocah sholeh miturut konco-konco peci & sorban putih, sandal cepitan.

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan
Bagikan

Bahan-bahan

1 jam
4 wong
  1. 1 kgkentang londo, warnane abang koyo telo manis
  2. 1/5daging sapi giling
  3. 1ndog
  4. 1/2sayuran campur
  5. Bumbu-bumbu sak cukupe

Cara Membuat

1 jam
  1. 1

    Langkah pertama sing kudu digatekke, bumbu-bumbu disiapke ono ning sak panggonan. Ojo dipisah-pisah.

    Bumbu sing dimaksud yoiku: lombok tabur, uyah tabur, gehakt, maggi.

  2. 2

    Sak jane iki iso pararel karo langkah nomor 4 yoiku nggodog kentang.

    Ning tahap iki, daging sapi dialuske nganggo garpu terus ditambahi bawah putih bubuk.

  3. 3

    Lombok tabur karo ndog 1 dicampur ben lengket lan rosone oke. Ndog iki iso diganti nganggo tepung beras yen pingin rosone koyo baso.

  4. 4

    Sinambi ngulung-ngulung daging sapi, kentang dipotong-potong terus direbus 20 menit.

    Ojo lali diwenehi uyah tabur sak cukupe.

  5. 5

    Campuran sayuran yoiku wortel & brokoli ugo dicampurke, kiro-kiro 10 menit.

    Lebar 10 menit, kompor dipateni terus ditutup ben iso ngembang.

  6. 6

    Karo ngenteni kentange ngembang.

    Mentego dipanaske ono ing wajan kanggo goreng gulungN daging sapi.

  7. 7

    Kiro-kiro wis ono 5 menit, kentang diajurke utowo di deplok nganggo alat ngene iki. Utowo nganggo lumpang.

  8. 8

    Wis dadi, siap disantap.

Edit resep
Lihat Detail Statistik
Bagikan

Cooksnap

Apakah kamu sudah membuat resep ini? Bagikan foto hasil kreasimu!

Ilustrasi digambar tangan berwarna abu-abu berupa kamera dan wajan penggorengan dengan bintang-bintang muncul dari wajan
Masak Hari Ini
S Sariffuddin
S Sariffuddin @sariffuddin
pada
Cuijk, North Brabant, Netherlands
Hallo, aku wong jowo sing lagi sinau ono ning Nijmegen school of management, negeri Londo. Seneng masak awit seminggu kepungkur. Resep-resep sing tak tulis iki asli seko opo sing tak gawe lan sing tak lakoni saben dino.
Lebih banyak

Resep Serupa